Tuesday, July 10, 2012

Saloka

Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.

Asu belang kalung wang : Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
Asu gedhe menang kerahe : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
Ati bengkong oleh oncong : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
Baladewa ilang gapite : Ilang kekuatane.
Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kepinteran.
Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil.
Belo melu seton : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
Cebol nggayuh lintang : Gegayuhan kang mokal bisane kelakon.
Cecak nguntal empyak/cagak : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : Tansah diparingi slamet.
Dom sumuruping banyu : Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
Emprit abuntut bedhug : Prekara sepele dadi gedhe.
Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak isi dienak-enakake.
Gagak nganggo elaring merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
Gajah alingan suket teki : Lair lan batine ora padha bakal ketara.
Gajah ngidak rapah : Nerjang wewalere/janjine dhewe.
Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah : Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban.
Gong lumaku tinabuh : Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang.
Idu didilat maneh : Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
Iwak klebu ing wuwu : Wong sing kena apus kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
Jaran kerubuhan empyak : Wis kapok banget.
Kacang ora ninggal lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
Kebo ilang tombok kandhang : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
Kebo kabotan sungu : Rekasa jalaran kakehan anak.
Kebo mulih ing kandhange : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
Kebo nusu gudel : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
Kere munggah bale : Wong didadekake wong luhur.
Kethek saranggon : Sagrombolan wong tumindak ala.
Klenthing wadhah masin : Angel ninggalake pakulinan ala.
Kriwikan dadi grojogan : Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya.
Lahang karoban manis : Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
Lambe satumang kari samerang : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
Legan golek momongan : Kepenak malah golek rekasa.
Opor bebek mentas awake dhewek : Rampung saka dayane dhewe.
Palang mangan tandur : Dipercaya malah gawe rusak
Pecruk tunggu bara : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki.
Satru munggwing cangklakan : Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
Sumur lumaku tinimba : Wong sing kumudu-kudu ditakoni.
Tekek mati ulone : Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
Tumbu oleh tutup : Wis cocog banget.
Timun mungsuh duren : Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati : Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik.
Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan.

No comments:

Post a Comment

" jazakumullah khairan kathira, matur nuwun sanget menawi panjenengan purun ngisi komentar "