Thursday, June 28, 2012

KEROTO BOSO

  • Bapak = Bab apa apa pepak
  • Berkat = Mak breg diangkat
  • Cengkir = Kencenging pikir
  • Dongeng = Dipaido keneng
  • Garwa = Sigarane nyawa
  • Gedhang = Digeget bubar madhang
  • Guru = Digugu lan ditiru
  • Kathok = Diangkat baka sithok
  • Kuping = Kaku tur njepiping
  • Kutang = Sikute diutang
  • Maling = Amale wong ora eling
  • Mantu = Dieman eman mekso metu
  • Saru = Kasar lan keliru
  • Sopir = Yen ngaso mampir
  • Sruwal = Saru yen nganti uwal
  • Tandur = Nata karo mundur
  • Tarub = Ditata supaya katon murub
  • Tebu = Mantepe nek wis mlebu
  • Tepas = Nitipke napas
  • Wanita = Wani ing tata
  • Wedang = Ngawe kadang
  • Weteng = Ruwet tur peteng 
  • anak : kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak
    bapak : bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane)
    batur : ngembati (nindakake) pitutur
    bocah : mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah
    brekat : apa-apa brak-brek banjur diangkat
    cangkir : nyancang pikir
    cengkir : kencenging pikir
    Desember : gedhe-gedhene sumber
    dongeng : dipaido ya keneng (kenging)
    garwa : sigarane nyawa
    gedhang : digedeng yen bar madhang
    gelas : yen tugel ora kena dilas
    gerang : segere wis arang-arang
    guru : digugu lan ditiru
    Januari : hujan sehari-hari
    jaka : apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka
    kaji : tekade mung siji
    kathok : diangkat mbaka sitok
    kodhok : teka-teka ndhodhok
    kutang : sikute diutang
    krikil : keri ing sikil
    kuping : kaku tur njepiping
    kupluk : kaku tur nyempluk
    kursi : mungkur anggone ngisi
    mantu : dieman-eman meksa metu
    maratuwa : mara-mara bereng wis tuwa
    piring : sepi yen miring
    prawan : yen pepara(lunga) ing wayah awan
    sepuh : sebdane ampuh
    semah : isen-isenne umah
    sirah : isine rah (getih)
    siti : isi bulu bekti
    sopir : yen ngaso padha mampir
    sruwal : saru yen nganti uwal ( ucul)
    tandur : olehe nata karo mundur
    tapa : tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa)
    tarub : ditata supaya katon murub
    tebu : anteping kalbu
    tuwa : ngenteni metune nyawa
    wanita : wani ditata
    wedang : ngawe-awe kadang
    weteng : ruwet tur peteng
     

4 comments:

  1. menawi kepareng dipun tambahi malih, kesuwun

    ReplyDelete
  2. pacul = papate ojo ucul (mutmainah,amarah,lauamah,supiyah)
    bawak = obahe awak
    doran = ojo udur marang pangeran

    ReplyDelete

" jazakumullah khairan kathira, matur nuwun sanget menawi panjenengan purun ngisi komentar "