Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.
| Asu belang kalung wang | : | Wong ala (asor) ananging sugih bandha. |
| Asu gedhe menang kerahe | : | Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane. |
| Ati bengkong oleh oncong | : | Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan. |
| Baladewa ilang gapite | : | Ilang kekuatane. |
| Bathok bolu isi madu | : | Wong asor nanging sugih kepinteran. |
| Bebek mungsuh mliwis | : | Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil. |
| Belo melu seton | : | Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe. |
| Cebol nggayuh lintang | : | Gegayuhan kang mokal bisane kelakon. |
| Cecak nguntal empyak/cagak | : | Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane. |
| Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang | : | Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala. |
| Dhemit ora ndulit, setan ora doyan | : | Tansah diparingi slamet. |
| Dom sumuruping banyu | : | Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi. |
| Emprit abuntut bedhug | : | Prekara sepele dadi gedhe. |
| Endhas gundhul dikepeti | : | Wis kepenak isi dienak-enakake. |
| Gagak nganggo elaring merak | : | Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur. |
| Gajah alingan suket teki | : | Lair lan batine ora padha bakal ketara. |
| Gajah ngidak rapah | : | Nerjang wewalere/janjine dhewe. |
| Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah | : | Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban. |
| Gong lumaku tinabuh | : | Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang. |
| Idu didilat maneh | : | Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake). |
| Iwak klebu ing wuwu | : | Wong sing kena apus kanthi gampang. |
| Jati ketlusuban ruyung | : | Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake. |
| Jaran kerubuhan empyak | : | Wis kapok banget. |
| Kacang ora ninggal lanjaran | : | Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa. |
| Kebo bule mati setra | : | Wong pinter nanging ora ana kang merlokake. |
| Kebo ilang tombok kandhang | : | Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki. |
| Kebo kabotan sungu | : | Rekasa jalaran kakehan anak. |
| Kebo mulih ing kandhange | : | Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh. |
| Kebo nusu gudel | : | Wong tuwa njaluk warah marang wong enom. |
| Kere munggah bale | : | Wong didadekake wong luhur. |
| Kethek saranggon | : | Sagrombolan wong tumindak ala. |
| Klenthing wadhah masin | : | Angel ninggalake pakulinan ala. |
| Kriwikan dadi grojogan | : | Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe). |
| Kutuk marani sunduk | : | Njarag marani bebaya. |
| Lahang karoban manis | : | Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene. |
| Lambe satumang kari samerang | : | Dituturi bola-bali tetep ora nggugu. |
| Legan golek momongan | : | Kepenak malah golek rekasa. |
| Opor bebek mentas awake dhewek | : | Rampung saka dayane dhewe. |
| Palang mangan tandur | : | Dipercaya malah gawe rusak |
| Pecruk tunggu bara | : | Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane. |
| Pitik trondhol diumbar ing pedaringan | : | Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki. |
| Satru munggwing cangklakan | : | Mungsuh wong sih isih sanak sedulur. |
| Sumur lumaku tinimba | : | Wong sing kumudu-kudu ditakoni. |
| Tekek mati ulone | : | Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe. |
| Tumbu oleh tutup | : | Wis cocog banget. |
| Timun mungsuh duren | : | Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa. |
| Timun wungkuk jaga imbuh | : | Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae. |
| Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati | : | Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik. |
| Yuyu rumpung mbarong ronge | : | Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan. |






No comments:
Post a Comment
" jazakumullah khairan kathira, matur nuwun sanget menawi panjenengan purun ngisi komentar "