Tuesday, July 10, 2012

Jenise Tanduran ( Tetuwuhan )



      
Pala Gumantung
Woh-wohan sing gumandhul ana wit lan umure nganti puluhan taun. Pelem, nangka, duren,dhondong lan sapanunggalane.

Pala Kependhem
Woh-wohan kang wohe kependhem ing bumi: uwi, gadhung, tales. 

Pala kirna/pala kitri
Woh-wohan kang gumatung ing wit umure cendhak/ora suwe, ing pekarangan. Gedhang,lombok, tomat, terong.

Palawija
Tanduran ana sawah liyane pari, nandure ora dielebi banyu, kang diceblokake/diwur-wurakebisa uga ing tegalan. Jagung, kedhele, kacang brol, kacang ijo, wijen, telo.

Pala kesimpar
Woh-wohan kang wite mrambat ana lemah lan lumrahe wohe gumlethak ing lemah.Semangka, timun, waluh, krai, melon.

7 comments:

" jazakumullah khairan kathira, matur nuwun sanget menawi panjenengan purun ngisi komentar "