Thursday, June 28, 2012

ARANE TURUNAN, ARANE ANAK WONG

Ontang-anting : anak 1 lanang
Unting-unting : anak 1 wadon
Uger-uger lawang : anak 2 lanang
Kembang sepasang : anak 2 wadon
Cukil dulit : anak 3 lanang
Gotong mayit : anak 3 wadon
Saramba : anak 4 lanang
Sarampi : anak 4 wadon
Pandhawa : anak 5 lanang
Pancagati : anak 5 wadon

Kendahana-kendhani : anak 2 lanang, wadon
Kendhini, kendhaha : anak 2 wadon, lanang
Keblat papat : anak 4 lanang wadon
Sepasar : anak 5 lanang, wadon
Ipil-ipil (pipilan) : anak 5 lanang 1
Padangan : anak 5 wadon 1
Pandhawa nyandhangi : anak 6 wadon 1 waruju
Kembar : anak sing laire bareng luwih saka 1
Kembar dampit : anak 2 lanang, wadon laire bareng
Gendhong : anak lanang pirang-pirang sing tengah wadon
Pathok : anak pirang-pirang sing tengah lanang
Gilir kacang : anak pirang-pirang, giliran lanang, wadon
Anggana : anak pirang-pirang sing uruip kari 1
Pembarep : anak nomer 1
Penggulu : anak nomer 2
Pandhadha : anak nomor 3
Waruju, wuragil :anak sing keri dhewe
Julung caplok : bocah laire mbarengi surupe srengenge
Julung kembang : bocah laire mbarengi pletheke srengenge
Julung sungsang : bocah laire wayah awan (bedhug)
Jempina : bocah sing laire during wayahe
Margana : bocah laire pinuju ing lelungan
Wahana : bocah laire pinuju ibune ing pasamuan
Wuyungan : bocah laire pinuju ana perang
Konduran : bocah laire nanging ibune mati
Thok thing  : bocah laire sing sirahe cilik
Sumala : bocah cacat awit lair
Sungsang : bocah laire sikile dhisik
Kalung usus : bocah laire pusere nggubet gulune
Yatim : bocah sing ora duwe bapak
Yatim piatu : bocah sing ora duwe bapak lan ibu

No comments:

Post a Comment

" jazakumullah khairan kathira, matur nuwun sanget menawi panjenengan purun ngisi komentar "