Rura basa yaiku basa sing luput ananging dianggep lumrah ana ing basa padinan.
| adang sega |
sing bener |
adang beras supaya dadi sega |
| mangan awan |
sing bener |
mangan sega ing wayah awan |
| mbunteli tempe |
sing bener |
mbunteli dhele godhog kang wis dirageni |
| menek klapa |
sing bener |
menek wit klapa |
| mikul dhawet |
sing bener |
mikul angkring isi wadhah dhawet |
| ndheplok gethuk |
sing bener |
ndheplok tela supaya dadi gethuk |
| ndhudhuk sumur |
sing bener |
ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur |
| ndondomi klambi |
sing bener |
ndondomi bakal digawe klambi |
| nganam klasa |
sing bener |
nganam pandhan/mendhong digawe klasa |
| ngethok gedhang |
sing bener |
ngethok wit gendhang |
| nguleng sambel |
sing bener |
nguleg lombok sakbumbune digawe sambel |
| nunggu manuk |
sing bener |
nunggu pari supaya ora dipangan manuk |
| nyangking banyu |
sing bener |
nyangking ember isi banyu |
No comments:
Post a Comment
" jazakumullah khairan kathira, matur nuwun sanget menawi panjenengan purun ngisi komentar "