Homonim yaiku tembung kang padha penulisane, padha pocapane nanging beda tegese.
| asma | tegese | a. jeneng, nama b. lara napas/mengi |
| beton | tegese | a. isi nangka b. cor-coran semen, watu, krikil lan gesik |
| bledug | tegese | a. anak gajah b. lebu sing katut angin |
| catur | tegese | a. papat b. gunem, omong |
| enggal | tegese | a. cepet, gelis age-age, ndhang b. anyar |
| golek | tegese | a. araning wayang kayu/ boneka saka kayu b. ngupadi, ngupaya |
| jumeneng | tegese | a. ngadeg b. dadi, madeg |
| kala | tegese | a. jaring b. nalika, ndhek, wektu, wayah |
| kalong | tegese | a. suda b. araning kewan kang saba bengi bangsane lawa |
| kedalon | tegese | a. kewengen b. kematengen tumprp woh-wohan |
| krama | tegese | a. rabi, omah-omah b. aturan |
| labuh | tegese | a. araning mangsa sawise ketiga dadi rendheng b. minggir/mandheg tumpraping prahu |
| mundhut | tegese | a. tuku b. njupuk |
| ngasta | tegese | a. mulang b. nggawa |
| ngelih | tegese | a. luwe, weteng kosong b. mindhah |
| ngukur | tegese | a. ngilangi rasa gatel nganggo kuku b. arep ngerti dawane utawa ambane |
| sepet | tegese | a. arane rasa b. kulit klapa |
| sekar | tegese | a. tembang b. kembang |
| serat | tegese | a. layang b. garis/ototing kayu |
| sura | tegese | a. araning sasi jawa b. wani kendel |
| timur | tegese | a. enom, muda b. wetan |
| wani | tegese | a. ora wedi, gelem b. nantang |
| waja | tegese | a. untu b. araning wesi |
| wayah | tegese | a. putu b. wektu, mangsa |
| weling | tegese | a. araning ula b. wekas |
No comments:
Post a Comment
" jazakumullah khairan kathira, matur nuwun sanget menawi panjenengan purun ngisi komentar "