Tuesday, July 10, 2012

HOMONIM

Homonim yaiku tembung kang padha penulisane, padha pocapane nanging beda tegese.

asma tegese a.  jeneng, nama b.  lara napas/mengi
beton tegese a.  isi nangka b.  cor-coran semen, watu, krikil lan gesik
bledug tegese a.  anak gajah b.  lebu sing katut angin
catur tegese a.  papat b.  gunem, omong
enggal tegese a.  cepet, gelis age-age, ndhang b.  anyar
golek tegese a.  araning wayang kayu/ boneka saka kayu b.  ngupadi, ngupaya
jumeneng tegese a.  ngadeg b.  dadi, madeg
kala tegese a.  jaring b.  nalika, ndhek, wektu, wayah
kalong tegese a.  suda b.  araning kewan kang saba bengi bangsane lawa
kedalon tegese a.  kewengen b.  kematengen tumprp woh-wohan
krama tegese a.  rabi, omah-omah b.  aturan
labuh tegese a.  araning mangsa sawise ketiga dadi rendheng b.  minggir/mandheg tumpraping prahu
mundhut tegese a.  tuku b.  njupuk
ngasta tegese a.  mulang b.  nggawa
ngelih tegese a.  luwe, weteng kosong b.  mindhah
ngukur tegese a.  ngilangi rasa gatel nganggo kuku b.  arep ngerti dawane utawa ambane
sepet tegese a.  arane rasa b.  kulit klapa
sekar tegese a.  tembang b.  kembang
serat tegese a.  layang b.  garis/ototing kayu
sura tegese a.  araning sasi jawa b.  wani kendel
timur tegese a.  enom, muda b.  wetan
wani tegese a.  ora wedi, gelem b.  nantang
waja tegese a.  untu b.  araning wesi
wayah tegese a.  putu b.  wektu, mangsa
weling tegese a.  araning ula b.  wekas

No comments:

Post a Comment

" jazakumullah khairan kathira, matur nuwun sanget menawi panjenengan purun ngisi komentar "